Kamis, 21 Juli 2011

rembulan



Rembulan
Dening: A. Q

Rembulan ing langit kae
Ngawe-awe marang sliramu
Lintang ing langit kae
Kemedhep marang sliramu

Apa sliramu ngerti apa maksude
Rembulan lan lintang kae      
Dheweke tansah nggatekake
Ngenteni sliramu kang tansah diimpi-impi

Mesemmu kang ngangeni
Wicaramu kang ngademke ati
Ndadekake senenging ati iki
Nganti urip krasa mati

Apa sliramu durung ngerti yen rembulan kuwi tandha rasaning ati
Apa durung ngerti yen cahaya iku kanggo awakmu
Mung iku kang bisa aku lakoni
Kabeh mung kanggo sliramu pujaan hati

mijil


Sekar Macapat Mijil Laras Pelok Pathet Barang

Lali-lali datan bisa lali
Lawas saya katon
Upamakna wit-witan kang gedhe
Tinutuhan datan bisa mati
Mrajak saya semi
Tresnaku ngrembuyung